Rabu, 22 Juni 2011

syi'iran (Gusdur)


استغفر الله رب البرايا      استغفر الله من الخطايا
ربي زدني علم نافع         ووفقني عملا صالحا
بارسول الله سلم عليك    يا رفيع الشان و الدارج
 عطفت يا جيرة العلم       يا أهيل الجود و الكرم

Ngawiti ingsun ngalaras syi’iran
Kelawan muji mareng pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan 2x

Duh bolo konco   proi wanito
Ojo mung ngaji syariat boko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembeh mburine bakal sengsoro 2x

Akeh kang apal Qur’an hadise
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak digatek ke
Yen eseh kotor ati akale

Gampang kabujuk nafsu angkoro
Eng pepaese gebyare ndunyo
iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto 2x

Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngendelake iman tauhid te
Baguse sangu mulyo matine 2x

Kang aran sholeh bagus atine
Kenono mapan sari ngilmune
Laku toreket lan ma’rifate
Ugo hakekot manjing rasane 2x

Al-Qur’an qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis iso di woco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dodo 2x

Kumantil ati lan pikiran
Masung ing badan kabeh jeroan
Mu’jizat rasul dadi pedoman
Minong kodalam manjinge iman 2x

Kelawan Alloh kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Di rakati di riyadho hi
Dzikir lan suluk jo nganti lali 2x

Uripe ayem rumongso aman
Durunge roso tondo yen iman
Sabar narimo nak cen pas-pasan
Kabeh tinakdir saking Pengeran 2x

Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo gae sio
Iku sunahe rasul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito 2x

Ayo nglakoni sekabehane
Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan asorr toto dhohire
Ana nging mulyo makom drajate 2x

Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah suargo manggone
Utuh mayyite ugo ulese 2x
بارسول الله سلم عليك يا رفيع الشان و الدارج
عطفت يا جيرة العلم    يا أهيل الجود و الكرم


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pengikut